Minggu, 22 Desember 2013

straight news


KULON PROGO EXPO 2013

            Kegiatan taunan Manunggal Fair 2013 Kabupaten Kulon Progo ingkang sakmenika dipungantos “Kulon Progo Expo”, salah satunggaling kegiatan kangge nyongsong hari jadi ingkang kaping 62 Kabupaten Kulon Progo, dipunandharaken saking Penyelenggara Kulon Progo Expo 2013 Rudy Widyatmoko S.Sos (1/10/2013) sore, panitia nyamektakaken 257 stand saking 24 stand Kelas Utama, 138 stand Kelas Bisnis, 38 stand Kelas Ekonomi lan 57 stand SKPD.
Adicara dipunbikak
Wabup Kulon Progo Drs H. Sutedjo, kanthi kesenian tari irah-irahanipun ‘Manggala’, ingkang nggambaraken ksatria pembela rakyat cilik saengga saged gesang sejahtera kanthi gerakan Bela dan Beli Kulon Progo. Kulon Progo Expo 2013 kanthi tema “Prestasi Kulon Progo untuk Indonesia” dipunwontenaken ing Alun-Alun Wates wiwit 27 September ngantos 6 Oktober 2013. KE 2013 menika ingkang dados Event Organizer (EO) inggih menika Perumda Aneka Usaha. Menika supados kualitas penyelenggaraan saged dipuntingkataken malih lan saged drembakakaken saking Perumda Aneka Usaha maringi pelayanan kangge masyarakat.
            Tema ingkang dipunginakaken wonten ing kegiatan inggih menika: “Prestasi Kulon Progo untuk Indonesia”, sarta kanthi menggelorakan semangat Gerakan Gotong Royong Rakyat Bersatu (Gentong Rembes), supados saged dados daya ungkit kangge masyarakat ingkang sampun ngraos mampu saged nyaosaken raos peduli kanthi mbiyantu masyarakat ingkang tasih kirang mampu, saengga pencapaian kesejahteraan lan percepatan pengentasan kemiskinan ing Kabupaten Kulon Progo saged direalisasikan secepatnya.
Wabup Drs H. Sutedjo ngraos adicara menika saged dipundadosaken media edukasi, informasi, promosi, transaksi, lan interaksi, sarta dados media hiburan ingkang awis lan meriah, saengga masyarakat saged mengunjungi lan menikmati adicara menika kanthi nyaman, aman, tertib sarta ngraos terhibur.
Dhumateng PD Aneka Usaha, Wabup ngaturaken selamat bilih sampun mandegani kegiatan Kulonprogo Expo lan kangge para peserta ingkang sampun berpartisipasi. Wabup mengajak mensukseskan kegiatan menika kangge media peningkatan wawasan, pengetahuan, sekaligus kangge media upaya peningkatan kesejahteraan.
"Diharapkan kegiatan menika membawa manfaat kangge masyarakat lan pemkab. Perusahaan Daerah Aneka Usaha diminta supados saged mengembangkan usaha boten namung wonten ing bidang-bidang ingkang sakmenika dikelola, ananging saged bikak bidang sanesipun ingkang taksih nggadhahi peluang besar dalam bidang ekonomi, sehingga kedepan mampu berpartisipasi lebih besar dalam membantu pemkab dalam mengatasi pengangguran, kemiskinan, dan permasalahan sanesipun kangge mujudaken Kulonprogo the Jewel of Jawa," pratelane Sutedjo.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar