Ampun Dipindah Nafkah Kula
Rencana pemerintah kangge ngadani relokasi ingkang sade, ing pasar Sentolo boten saged
mlampah kanthi sae. Saperangan ingkang sade kukuh anggenipun boten purun pindah, wonten ing pasar percontohan Sentolo kanthi jarak 2 Km saking pasar saderengipun. Ananging saperangan ingkang sade sampun wonten ingkang purun pindah. Saperangan ingkang boten purun pindah menika namung saking ingkang sade ing lapak ngajeng, saengga piyambakipun rumaos sampun sekeca kaliyan sampun gadhah ingkang asring mundhuti sadeanipun.
Saperangan ingkang sade ajrih bilih wonten pasar ingkang enggal boten pikantuk ingkang asring mendheti sadeanipun, saengga sadeanipun boten payu. “separo ingkang sade wonten mriki boten setuju” menika andharan saking Pipin, salah satunggaling ingkang sade ing lapak ngajeng. Gunggungipun ingkang sade wonten ing pasar percontohan Sentolo wonten 754 ingkang sade. Saking 121 kios, 7 unit lapak diagem 160 ingkang sade, kaliyan 22 unit los nampung 283 ingkang sade. Dipunpindhai kanthi saperangan rumiyin saking 96 kios, 4 unit los kangge 64 ingkang sade, kaliyan lapak kangge 160 ingkang sade.
Spanduk wosipun nolak relokasi kapampang wonten ing ngajeng pasar tradisional Sentolo saking sabtu (14/12/2013). Pangarsa paguyuban ingkang sade ing pasar Sentolo, Tuminah, minggu (15/12/2013) ngandharake dumugi samenika boten wonten salah satunggal ingkang sade rekaos kabotan menawi badhe pindah wonten ing pasar enggal. Tuminah ngandharake bilih ingkang masang spanduk menika saking kelompok sanesipun ingkang sade ing pasar Sentolo, anggenipun masang spanduk menika namung kangge ngrusui anggenipun relokasi pasar.
Sarana kaliyan prasarana wonten ing pasar percontohan nasional Sentolo kalebu kirang, samenika katingal saking boten wonten CCTV, papan pembuangan sampah sementara kaliyan mushala, los satunggal kaliyan los sanesipun dereng wonten sekatipun saking los teles kaliyan los ngkang garing.
Saking kadadean samenika pamanggih kula menawi wonten pindahan babagan relokasi pasar supados pemerintah maringi arahan kangge ingkang sade inggih menika bab kados pundi njagi papan supados tetep resik, kados pundi ngengingi tuna lan bathi kaliyan kados pundi saged maringi pelayanan ingkang gapyak kangge ingkang badhe mundhut sadeanipun.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar