Ngrembakakake Seni Tradisional “Jathilan”
Saking Jagareja, Sendangsari, Minggir , Yogyakarta seni jathilan kamekaraken kaliyan Bapak Suratmin ingkang wiyosan 22 Februari 1973. Asalipun kesenian menika menawi katlusur sejarahe kalebu tarian ingkang paling sepuh wonten ing tanah Jawa. Rumiyin, kesenian jathilan diwiwiti nalika Kramaleya lan Ki Jasana pados Bagus Burham (asma timure R. Ng. Ranggawarsita) ingkang mentar kaliyan Tanujaya saking Pondhok Pesantren Gebang Tinatar. Anggone madosi direwangi damel tontonan kaliyan tetembangan ingkang sakmenika dipunarani Jathilan. Jathilan Sinta Mudha dados kondhang wonten ing dhusun Jagareja ingkang asring dipunkenal jathilan klasik.
Wonten ing jaman sakmenika kesenian jathilan sampun ngalami owah gingsir. Ananging wonten ing kelompok jathilan Sinta Mudha ingkang pemainipun Suratmin, putra kaping sekawan saking sekawan tunggil. Penari ingkang kesurupan taksih ketok, penarine uga namung kakung, iringanipun ngagem saperangkat gamelan ingkang taksih lengkep. Suratmin ingkang nggadhahi hobi masak, nalika enjing dagang bubur, nalika siyang dagang tongseng kelinci kaliyan wayah sasi pasa damel pesanan kangge takjilan. Pagawean ingkang saking hobi kalawau saged dipunjengkapi kabutuhan Suratmin ingkang sampun gadhah garwa Siti Rohmah ugi sampun gadhah putri setunggal Assyifa Aulia Zahra.
Suratmin ingkang tamatan SMP sampun nate kadhapuk dados Bendahara Jathilan wonten ing paguyuban Jathilan Sinta Mudha, ananging sakmenika namung dados pemain Jathilan. Mekaripun jaman, Suratmin taksih nggeluti jathilan klasik menawi wonten ingkang nanggap arta ingkang kasil saking tanggapan kalawau dipunlebetaken wonten ing kas Paguyuban Jathilan Sinta Mudha. Tiyang-tiyang ingkang sami merlokaken wekdal kangge ningali Jathilan Sinta Mudha boten namung saking warga ingkang nanggap ananging saking warga sakiwa tengenipun dhusun ingkang nanggap.Seni tradhisi menika kathah perangane kaliyan benten-benten. Wonten ing papan setunggal kaliyan setunggalipun seni tradisi gesang adhedhasar kabudayan lokal papan seni tradhisi menika gesang. Sairing jaman, seni tradhisi wonten ingkang divariasi utawa dipun kembangaken saka pakeme utawa paugeran pokok. Owah-owahan kala wau mliginipun kagem ngetokake kamajuwaning jaman kaliyan kawigatene para generasi mudha. Saka andharan iku saged aweh gegambaran kagem tiyang ingkang purun nguri-uri kabudayan Jawa mligine wonten ing seni tradhisi paguyuban Jathilan Sinta Mudha saged paring ngelmu ingkang becik, ingkang saged kangge sanguning ing pagesangan wonten ing kulawarga kaliyan madyaning masyarakat.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar