Tenganan Pegringsingan kang Teteg
Njagi Kabudayan
T
|
latah
Tenganan Pegringsingan, Kabupaten Karangasem, papane rada mencil ing lembah
kang diapit bukit. Sampun ketingal, menawi mlebet wonten ing desa Tenganan omah
kang jejer-jejer, papan panggonan menika taksih asli bangunannipun. Tlatah ingkang
boten nemtokaken kasta ing desanipun.
Desa kuno Tenganan Pegringsingan
mapan ing salah satunggaling lembah ingkang diapit bukit. Kanthi mekaten
papanipun dipun damel berundak, wonten saubenge desa inggih dipun damel tembok. Awit misiwur kang sinebut tlatah wisata, mata pencaharian desa menika menenun kain kang sampun misuwur uga, inggih menika kain geringsing, wonten ingkang damel atta, damel lontar lan cinderamata sanesipun kangge wisatawan.
Sedaya tiyang ingkang manggon ing
Tenganan menika boten perduli wontening kasta, awit desa menika tiyang ingkang
gesang menika sami pangkatipun. Tiyang ingkang mapan wonten ing saben omah
menika setunggal keluarga, menawi wonten keluarga enggal dipunsediani papan
ingkang enggal ing desa menika. Desa ingkang gadhah papan jembar saha alas
ingkang amba menika boten purun ngedol asil bumi menika, awit badhe njagi
kemawon supados saged katingal desa ingkang taksih asri.
Kabudayan
inggih menika minangka asiling cipta, karya saha karsa saking manungsa awit
zaman sakmenika, ingkang dipunlampahi kanthi turun-tumurun saha mboten saged
dipunpisahaken kaliyan pagesanganipun manungsa. Salah satunggaling asil
kabudayan ingkang taksih wonten saha ngrembaka wonten ing masyarakat inggih
menika tradisi ingkang wosing wonten ing upacara-upacara adat. Wonten ing
masyarakat ingkang sederhana upacara utawi ritual dipuntindakaken kangge
nggayuh ancas tartamtu nalika masyarakat nglampahi perkawis ingkang boten saged
dipunrembag kanthi akal pikiran manungsa. Ananging menawi manungsa boten saged
ngrembag perkawis menika, asringipun masyarakat nggayutaken perkawis menika
kaliyan kekiyatan gaib.
Sedaya
menika wonten gayutipun kaliyan wontenipun Tradisi Labuhan, Nyepi, Sedekah
Bumi, Jamasan Pusaka, Grebek Maulud, saha Sekaten ingkang asring dipuntingali
wonten ing Ngayogyakarta saha Bali. Saksanesipun wontening Ngayogyakarta saha
Bali, tradisi menika ugi wonten ing sedaya papaning Nuswantara. Ananging mawi
cara, wujud saha nama ingkang beda.
Karya Sastra kala
minangka asiling kabudayaan masyarakat rikala semanten, ingkang ngemu budaya
ingkang dipuntindakaken jaman rumiyin. Sedayanipun pagesangan kala rumiyin
saged dipuntingali saking naskah utawi karya tulis. Sastra Bali minangka
asiling budaya bangsa Bali, taksih nggadhahi kathah tilaran ingkang awujud
naskah (manuskrip). Naskah Bali inggih menika karya sastra seratan asta. Naskah
Bali menika saged naskah ingkang aslinipun utawi naskah salinan. Naskah Bali
dipun serat aksara Bali. Naskah menika kaserat wonten ing Ron Lontar. Naskah
Bali kasimpen wonten ing Perpustakaan saha Museum, ananging wonten tlatah
Tenganan Pagringsingan kathah tiyang ingkang nyerat naskah menika wonten ing
sapinggiring margi, upiya ingkang mekaten saged kangge ngenalaken aksara menika
kaliyan para tiyang ingkang dhateng.
Desa Tenganan Pegringsingan wonten ing lembah lan dipunapit bukit kanthi
luas wilayah 917.200 ha. Amargi papanipun mekaten, Desa Tenganan Pegringsingan dipun
damel berundak utawi terasering kanthi posisi bilih sak mengalor radi inggil.
Paedahipun temtu kangge nyingkiri kikisan banyu udan. Wonten ing jeroning desa
uga dipun damel saluran limbah utawi utilitas lingkungan ingkang sampun
dipunrembug kanthi sae, kados wontenipun boatan, teba pisan lan paluh
tumuju parit.
Pemukiman
ing desa menika kanthi petak-petak lurus saking lor mengidol luas pekarangan
sami inggih menika 2,342 are. Saben omah dipunhuni setunggal keluarga, saben
leret omah dipunbelah margi siti ingkang dipun sebut awangan. Awangan
menika dipun watesi selokan
banyu. Wonten tiga awangan ing desa menika. Wonten awangan kulon, awangan tengah lan awangan wetan. Awangan
tengah lan wetan menika luwih alit, kira-kira setengah saking lebar awangan
ing kulon. Awangan kulon kerep dados pusat ramenipun saben wonten
upacara keagamaan utawi adat.
Desa menika dipun
ubengi tembok kang bisa diarani benteng pertahanan. Lawangan utawi papan
kangge mlebet desa wonten ing sekawan penjuru. Tiyang Tenganan Pegringsingan ngarani
konsep tatanan ruang desanipun inggih menika Jaga Satru (berjaga dari
serangan musuh). Kegiyatan padintenan warga Tenganan Pegringsingan inggih
menika tani utawi nekuni usaha kerajinan. Tenganan Pegringsingan gadhah lahan
tegalan ingkang luas yaiku 583,035 ha (sekitar 66,41 persen saking luas desa)
sarta lahan sawah luasipun 255,840 ha (25,73 saking luas desa). Usaha kerajinan
ingkang ditlateni tiyang Tenganan Pegringsingan, gadhah kaitanipun kaliyan
wontenipun desa menika kangge desa wisata. Wonten ingkang nenun kanthi produksi
unggulanipun kain geringsing, wonten ingkang damel atta, wonten
tiyang ingkang damel lontar katingal ing sapinggiring margi saha cenderamata
kangge wisatawan.
Khas budaya sanesipun saking desa menika yaiku boten remen kaliyan
sistem kasta ingkang sampun wonten ing Bali. Saingga sedaya warga ing desa menika
gadhah pangkat sosial ingkang sami utawi sederajat. Sedaya penduduk desa menika
gadhah tradisi perayaan dinten ageng Nyepi ingkang unik lan radi benten saking
masyarakat Bali. Bilih sedaya masyarakat Pulau Dewata miwiti Nyepi kanthi sepi
sanget, ananging wonten ing masyarakat desa menika namung nindakaken kegiyatan
padintenan biasanipun, namung boten angsal damel rame. Kangge tiyang Tenganan
Pegringsingan Nyepi menika gadhai makna katentreman, dinten ingkang kangge nindakaken
refleksi pribadi. Pramila desa menika benten kaliyan desa sanesipun, masyarakat
Bali ngurmati adatipun desa menika.
Adat sanesipun
ingkang langkung unik inggih menika kepemilikan tanah desa, wonten ing saben jengkal
tanah ing Tenganan Pegringsingan yakni gadhaanipun desa, boten pribadi. Bilih
wonten keluarga enggal bakal dipunsiapaken siti ing sekitar desa kangge
panggonan ing pagesangan. Kanthi peraturan menika, Tenganan Pegringsingan bebas
saking campur tangan pihak desa sanesipun saengga keaslian desa menika tetep
dipunjagi. Saben kawasan ing desa menika saking siti ingkang taksih kosong
ngantos alas boten dipundol, ananging kangge upaya nglestarikaken lan njagi
lingkungan desa menika piyambak.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar