Minggu, 22 Desember 2013

straight news


KULON PROGO EXPO 2013

            Kegiatan taunan Manunggal Fair 2013 Kabupaten Kulon Progo ingkang sakmenika dipungantos “Kulon Progo Expo”, salah satunggaling kegiatan kangge nyongsong hari jadi ingkang kaping 62 Kabupaten Kulon Progo, dipunandharaken saking Penyelenggara Kulon Progo Expo 2013 Rudy Widyatmoko S.Sos (1/10/2013) sore, panitia nyamektakaken 257 stand saking 24 stand Kelas Utama, 138 stand Kelas Bisnis, 38 stand Kelas Ekonomi lan 57 stand SKPD.
Adicara dipunbikak

Profil Budayawan



Ngrembakakake Seni Tradisional “Jathilan”


     Rikala taun 1985 dados wiwitan Suratmin tumut seni jathilan, ingkang tumrape masyarakat Ngayogyakarta kalebu kesenian rakyat seni tradisional ingkang sampun  dipunmangertosi kaliyan tiyang kathah. Wonten ing Kabupaten Bantul, Sleman, Kulon Progo, Gunung kidul saha wonten ing Kota Yogyakarta sedaya kala wau kedhah dipun uri-uri. Ugi kathah ingkang ningali wiwit bocah dumugi tiyang sepuh.

Saking Jagareja, Sendangsari, Minggir , Yogyakarta seni jathilan kamekaraken kaliyan Bapak Suratmin ingkang wiyosan 22 Februari 1973. Asalipun kesenian menika menawi katlusur sejarahe kalebu tarian ingkang paling sepuh wonten ing tanah Jawa. Rumiyin, kesenian jathilan diwiwiti nalika Kramaleya lan Ki Jasana pados Bagus Burham (asma timure R. Ng. Ranggawarsita) ingkang mentar kaliyan Tanujaya saking Pondhok Pesantren Gebang Tinatar. Anggone madosi direwangi damel tontonan kaliyan tetembangan ingkang sakmenika dipunarani Jathilan. Jathilan Sinta Mudha dados kondhang wonten ing dhusun Jagareja ingkang asring dipunkenal jathilan klasik.