Senin, 02 Desember 2013

CERKAK

Oleh Wae!
   
“Edi! wes jam 5 yaa le” mangkono suara ibune njaluk Edi kang njinggleng ndhelok tv. Edi ninguk karo mrengut.
    “Edi, anakku Edi Laksana. Dina-dina iki tak ulatke pasemonmu kok ketok mrengut wae. Aku kok ngrasakke uwas kepara kuwatir. Sebab apa, lha lehmu mrengat-mrengut kuwi
mung dhewekan. Lha yen aku sing ndelok, ora papa. Sebab kowe kuwi anakku. Anak sing mung siji, dadi sakpolah tingkahmu, sak solah bawamu aku wis ora samar. Lha yen wong liya sing nyawang kowe mrengat-mrengut wae, lha mangkono malah njuk ngira yen kowe ki saiki wis owah le. Ibumu mbok diwenehi ngerti, sebabe apa tingkahmu kaya ngana kuwi?” pitakone Ibu.
“Ooalah Bu, tibake Ibu ya nggatekake aku ta?” saurane Edi.
“lha iya mesti ta le, kowe kuwi anakku siji-sijine. Jare wis ngerti ngapa edi mung oleh ndelok tv tekan jam 5 sore,” kandha ibune maneh.
“inggih, bu!” Edi karo hormat, banjur balik lan mlaku jejeg. Langsung mlebu menyang ana ing ruang kang kanggo maca. Bapak Edi salah satunggaling perwira polisi. Mula kui pada duweni pakulinan menehi hormat nalika geguyon.
    Wes sesasi iki ana peraturan anyar ana ing ngomah Edi. Ibu nggawe jadwal ndelok tv, sinau, dolanan, lan istirahat. Iku penyebabe amarga semester iki biji-bijine mata pelajaran Edi medun banget. Amarga Edi delok tv kanthi kerep, dolan ora ngerti wayah lan istirahate mung sedela. Mula Edi rada ra patek srek karo aturan iki. Ananging sawise ibu ngandharake manfaate, Edi banjur sarujuk.
    Sawetara dina, Bapak kaget nalika ngerti Edi iseh ana ing ngarep tv jam 6 sore.
“Lhoo, Edi kok iseh delok tv?” Bapak karo nahan emosi. Bapak pancen ora seneng pramila ana sing nglanggar peraturan.
    Edi mrengut karo mencet remot mindah-mindah saluran tv.
“Edi rada ora seneng kaliyan ibu pak!” kandha Edi.
“Lo? Ngapa ta le?” Bapak lenggah sila ana ing sandhing Edi.
“Amarga Bapak kaliyan Ibu boten pareng Edi ndhelok tv, Edi dados boten mangertos bola, boten mangertos film, boten mangertos . . . pokoke kathah! Edi diolok-olok kanca-kanca. Dioneke ketinggalan jaman, boten gaul! Pokoke Edi kepengen delok tv terus sakniki!”
    Bapak meneng wae, mung isa ngematake Edi karo nahan emosine.
“Edi lali ya. Nalika bijine elek, Edi rak banjur susah lan kuciwa. Mangkane Edi sarujuk karo peraturan iku. Ayo, kelingan ora?” Bapak ngelus-elus sirahe Edi kanthi eman tenan. Edi meneng wae. Tangane tetep dolanan remot tv ana ing tangane. Tv wes dipateni.
    “Ibu kundur!” teka-teka krungu swarane Ibu. Sawetara kui Ibu wes ana ing ruang keluarga.
“Di, Ibu mau kepethuk bu Guru Narti, ana ing warung,” Ibu lenggah ana ing sisih kiwa Edi, kang iseh dingkluk karo meneng wae. Ibu ngawaske Bapak lan Bapak ngenei isyarat karo Ibune nganggo mripate lan ngangkat pundake karo dienjepi.
    “Bu Guru Narti ngendika, Edi pinter nalika soal pengetahuan umum. wawasane Edi jembar banget tinimbang kanca-kancane Edi ana ing kelas.
    Edi ngawaske Ibu sedela.
    “Bu Guru Narti ngendika mangkono Bu?” takone Bapak kanthi sumringah tenan.
    “Mmm, paling amarga Edi sregep maca buku, nggih, Di!” Bapak nyekeli lan ngobahke pundhak Edi.
    “lan rembugan kalian Bapak….” tambahe Ibu.
    “Bu Narti ngendika mangkono Bu?” Edi nganti sumringah tenan.
    “Iya. Bu Narti ngendika, Edi kudu sregep sinau. Minggu ngarep wes ujian semester ta?” Ibu ngrangkul pundak Edi.
    “lohh ta! Maca buku kui apek, Di. Bisa nambah wawasan,” ngendikane Bapak.
    “Ananging ndelok tv uga bisa nambah wawasan, ta Pak!” protes Edi.
    “Bedane, ana ing tv ndelok apa wae ora ana batese. Isa wae kowe ndelok apa wae kang ora semestine sing kudu tok delok. Lha maca buku sing wis diseleksi, malah luweh aman tinimbang ndhelok sing hurung wayahe etok delok ta le,” terange Ibu.
    “Wahh, ngendikane Ibu mubeng-mubeng ya, Di? Edi mudeng ora maksute Ibu?” pitakone Bapak.
    “Edi mangertos Pak!” Edi ngawaske Bapak.
    “Putrane Ibu!” Ibu mithes irung Edi karo gemes.
    Edi guyu wae.
    “Eh, Edi ora nesu meneh ta?” Bapak nggodani Edi.
    “Siap Jendral!” Edi nyaosi hormat.
    “Hush, Bapak hurung jendral!” saut Ibu karo griseni wetenge Edi. Edi ngguyu-ngguyu grisi nyerak ana ing pangkone Bapak.
    Dina sapisan le bagi rapot. Edi seneng temen amarga entok rangking siji. Ana ing kantor, Bapak Edi langsung entok kabar apik mau.
    “Wah, pinter putrane Bapak!” Bapak demek rambut Edi.
    “Hhmm Bapak. Edi ajeng nyuwun pangapunten kalian Bapak.”
    “Lo, bab apa?”
    “Edi nate kesel lan nesu nalika Bapak nglarang Edi ndelok tv.”
    “Ooww, Bapak ora nglarang ndelok tv, le. Acara ana ing tv ya apik-apik le. Oleh ndelok, nanging ana batese. Iya ta?” koreksi Bapak.
    “Inggih, Edi mangertos Pak.” Jawabe Edi.
Bapak ngguyoni Edi kanthi cekikikan, kaya seneng tenan lagi ndelok lelucon nang ngarep tv.
“Ora papa, Di. Sesok meneh menawa ana apa wae omongke apik-apik wae, yen ana masalah karo Ibu lan Bapak, utawa sapa wae. Aja langsung mrengut ya le?”
“Inggih Pak Jendral!” karo ngguyu Edi nyaosi hormat kaliyan Bapak kaya biasane. Bapakne ya nganti ngguyu ngrasa seneng tenan karo anake lanang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar