PRESTASI KULON PROGO kangge INDONESIA
Kegiyatan ing taun sakmenika nampilaken pembangunan Pemerintah Kabupaten Kulon Progo, sarana promosi potensi lan produk unggulan Kulon Progo, sarta ngajak pihak swasta kangge nyelenggarakaken kegiyatan ing taun sakmenika. Sakderengipun wonten Kabupaten Kulon Progo ing tanggal 15 Oktober 1951, tlatah Kulon Progo kaperang saking kalih Kabupaten inggih menika Kabupaten Kulon Progo ingkang mlebet tlatah Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat kaliyan Kabupaten Adikarta ingkang mlebet tlatah Kadipaten Pakualaman.
Wilayah Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat (Kabupaten Kulon Progo)
Sakderengipun Perang Diponegoro ing tlatah Negaragung, mlebet tlatah Kulon Progo ugi, dereng wonten ingkang ngreksa pemerintahan ing tlatah menika.
Kala jaman samanten roda pemerintahan dipuncepeng kaliyan pepatih dalem ingkang lenggah ing Ngayogyakarta Hadiningrat. Saksampunipun Perang Diponegoro 1825-1830 ing tlatah Kulon Progo sakmenika ingkang mlebet tlatah kasultanan kaperang sekawan kabupaten inggih menika:
1. Kabupaten Pengasih, taun 1831
2. Kabupaten Sentolo, taun 1831
3. Kabupaten Nanggulan, taun 1851
4. Kabupaten Kalibawang, taun 1855
Saking sekawan kabupaten dipunpimpin buku “Prodjo Kejawen” ing taun 1912 Kabupaten Pengasih, Sentolo, Nanggulan lan Kalibawang dipungabung dados setunggal lan disukani nama Kabupaten Kulon Progo, kanthi ibu kota ing Pengasih. Bupati sepisan dipunarsa kaliyan Raden Tumenggung Purbowinoto. Wonten ing pemerintahanipun, kawit 16 Februari 1927 Kabupaten Kulon Progo kaperang dados kalih Kawedanan kanthi wolu Kapanewon, ananging ibukota Kulon Progo punelih ing Sentolo. Kalih Kawedanan kasebut inggih menika Rawedanan Pengasih ingkang kalebu Kapanewon Lendah, Sentolo, Pengasih, lan Kokap/Sermo. Kawedanan Nanggulan kalebu Kapanewon Watumurah/Girimulyo, Kalibawang, lan Samigaluh.
Ingkang ngreksa bupati ing Kabupaten Kulon Progo dumugi taun 1951 inggih menika:
1. RT. Poerbowinoto
2. KRT. Notoprajarto
3. KRT. Harjodiningrat
4. KRT. Djojodiningrat
5. KRT. Pringgodiningrat
6. KRT. Setjodiningrat
7. KRT. Poerwoningrat
Wilayah Kadipaten Pakualaman (Kabupaten Adikarta)
Tlatah kidol Kulon Progo wonten salah sawijining tlatah ingkang mlebet Keprajan Kejawen kanthi nama Karang Kemuning salajengipun misuwur kanthi nama Kabupaten Adikarta. Miturut buku “Vorstenlanden” kasebutna bilih ing taun 1813 Pangeran Notokusumo dipunangkat dados KGPA Ario Paku Alam I lan angsal palungguh ing sisih kulon Lepen Progo sepanjang segara kidol kasebut kanthi nama Pasir Urut Sewu. Amargi lemah pelungguh menika sumebar, lajeng sentono dalem Paku Alam ingkang nama Kyai Kawirejo I maringi nasehat bilih lemah pelungguh menika dipundadosaken setunggal. Sampun dados setunggal pelungguh kasebut, lajeng dados setunggal tlatah kesatuan ingkang podho kaliyan kaabupaten. Tlatah menika dipunsukani nama Kabupaten Karang Kemuning kanthi ibu kota Brosot. Bupati ingkang ngreksa sepisan inggih menika Tumenggung Sosrodigdoyo. Bupati ingkang kaping loro, R. Rio Wasadirdjo, angsal perintah saking KGPA Paku Alam V supados saged garingaken Rawa ing Karang Kemuning. Rawa-rawa ingkang sampun boten teles menika lajeng dados lemah persawahan ingkang Adi (Linuwih) lan Karta (Subur) utawi tlatah ingkang sanget subur.
Awit Sri Paduka Paku Alam V lajeng purun nggantos nama Karang Kemuning dados Adikarta ing taun 1877 ingkang ibu kotanipun ing Bendungan. Lajeng ing taun 1903 ibu kotanipun wonten wates. Kabupaten Adikarta kaperang dados kalih kawedanan (distrik) yaiku Kawedanan Sogan lan Kawedanan Galur. Kawedanan Sogan yaiku kapanewon (onder distrik) Wates lan Temon, lajeng Kawedanan Galur yaiku kapanewon Brosot lan Panjatan. Bupati ing Kabupaten Adikarta dumugi taun 1951 inggih menika:
1. Tumenggung Sosrodigdoyo
2. R. Rio Wasadirdjo
3. RT. Surotani
4. RMT. Djayengirawan
5. RMT. Notosubroto
6. KRMT. Suryaningrat
7. Mr. KRT. Brotodiningrat
8. KRT. Suryaningrat (Sungkono)
Penggabungan Kabupaten Kulon Progo kaliyan Kabupaten Adikarta
Kala semana 5 September 1945 Sri Sultan Hamengku Buwono IX kaliyan Sri Pakualam VIII maringi amanat ingkang nedahaken bilih tlatah beliau inggih menika Kasultanan lan Pakualaman yaiku tlatah ingkang kerajaan lan daerah istimewa saking Negara Republik Indonesia. Saking parembuging Sri Sultan Hamengku Buwono IX kaliyan Sri Pakualam VIII, penggabungan tlatah Kabupaten Kulon Progo lan Kabupaten Adikarta wonten lingkungan DIY dados setunggal kabupaten kanthi nama Kulon Progo. Kanthi yuridis formal dinten dadosipun Kabupaten Kulon Progo yaiku 15 Oktober 1951. Administrasi pemerintahan enggal dipunwontenaken ing pusat pemerintahan wonten wates. Nama-nama ingkang dados Bupati Kulon Progo kawit taun 1951 dumugi sakmenika yaiku:
1. KRT. Suryoningrat (1951-1959)
2. R. Prodjo Suparno (1959-1962)
3. KRT. Kertodiningrat (1963-1969)
4. R. Soetedjo (1969-1975)
5. R. Soeparno (1975-1980)
6. KRT. Wijoyo Hadinigrat (1981-1991)
7. Drs. H. Suratidjo (1991-2001)
8. H. Toyo Santoso Dipo-HM. Anwar Hamid (2001-2006)
9. H. Toyo Santoso Dipo-Drs. H. Mulyono (2006-2011)
10. dr. H. Hasto Wardoyo, Sp.OG(K)- Drs. H. Sutedjo (2011-sekarang)
Perumda “Aneka Usaha Kulon Progo” inggih menika BUMD ingkang wonten ing sektor Perdagangan, Industri, kalian Jasa. Wonten ing taun 2013 Perumda Aneka Usaha Kulon Progo gadhah unit Ekonomi kreatif, saged nyepeng Event Organizer, ingkang wonten taun sakmenika dipunparcaya ingkang nyepeng Manunggal Fair 2013 kados ketentuan ingkang sampun nemtokaken ing MOU Perumda ing Bagian Teknologi Informasi dan Hubungan Masyarakat Sekretariat Daerah Kabupaten Kulon Progo ingkang sampun ngadani kegiyatan menika.
Kanthi lumakuning jaman, Manunggal Fair ing taun sakmenika gantos Kulon Progo Expo, ingkang ngetonake informasi kadadosan pembangunan daerah, lan ngetonake potensi lan produksi ekonomi masyarakat Kulon Progo. Sedaya pelaku bisnis utawi organisasi saged daftar dados peserta kegiyatan akbar sakmenika. Panitia inggih nampi pendaftaran kelompok-kelompok kesenian ingkang kepengin tampil lan ngramekake ulang taun Kulon Progo ingkang kaping 62 taun.
Sanesipun kangge media promosi bisnis, seni lan budaya pagelaran taunan menika saged dados media inovasi perindustrian, lan saged ningkataken investasi ingkang sampun nyerap tenaga kerja, supados saged maringi kontribusi kangge pengembangan ekonomi lan ningkataken kesejahteraan masyarakat. Kathah produk ingkang dipuntampilaken inggih menika otomotive, furniture, building material, handycraft, home appliance, IT, Sport, food & beverage, live style, perbankkan, telekomunikasi, Isp. Saking SKPD Kabupaten Kulon Progo badhe nampilaken pameran Pembangunan, informasi kangge masyarakat supados saged mangertosi perkembangan lan rencana pembangunan Kulon Progo.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar