Senin, 09 Desember 2013

Wacana Prosedural




Amandel kala sampun Dewasa

Amandel gadhah fungsi kangge Nyaring
Amandel (tonsillitis) dipunsebabaken infeksi virus saha bakteri. Amandel sajatosipun gadhah tugas ingkang penting, inggih menika kangge nyaring bakteri saha virus ingkang saged nyebabaken infeksi luwih bebayani malih. Bentuk amandel ingkang bergelombang boten rata sarta berlubang-lubang kados umpluk ingkang gampil nyimpen saha nyerep regetan, kadosta tirahan dedhaharan, kuman mati saha sanesipun.
Wonten saperangan cara ingkang saged dipuntingali kangge mangertosi amandel sampun radang menapa boten wonten radang ing amandel, kadosta:
•    Demam inggil, menika nedahaken badan ngraos wonten zat asing ingkang wonten ing badan
•    Ngraos sakit ing organ amandel menika
•    Menawi kagatosaken amandel dados luwih parah.
Saking tiga perkawis kasebat nedahaken amandel boten saged nindakaken fungsinipun.

Caranipun Nyegah Radang Amandel
1.    Dipunkulinakaken anggenipun mijiki tangan nganggge toya ingkang mili.
2.    Dipunkirangi anggenipun ngunjuk saha dhahar ingkang anyes.
3.    Saged rutin kumur ngangge toya ingkang dipuncampuri uyah, kaping kalih saben dinten.
4.    Kathah ngunjuk toya pethak utawi sarinipun buah ingkang taksih seger.
5.    Nindakaken terapi antibiotik(saking petunjuk dokter) kangge nyegah komplikasi saha saderengipun    radang ngantos parah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar