Rabu, 18 Desember 2013

Feature Wisata Budaya Jawa

Wisata wonten ing Goa Seplawan



     Salah satunggaling kagiyatan ingkang sampun tamtu dipunremeni saking sedaya tiyang, saking lare alit ngantos tiyang ingkang sampun diwasa. Wonten ing mriki kula badhe ngandharaken pengalamanipun kula wonten ing Goa Seplawan ingkang
wonten ing kabupaten Purworejo utawi gua ingkang wonten ing perbatasan kabupaten Purworejo kaliyan Kabupaten Kulon Progo wonten ing Desa Donorejo, Kecamatan Kaligesing,
kira-kira 20 kilometer maring kidul saking pusat kutha Purworejo kaliyan wonten ing 700 meter saking Permukaan laut. Alasan wisata wonten ing Goa Seplawan inggih menika amargi dipunpanggihaken arca emas 22 karat inggilipun 9 cm kanthi bobot 2,5 kg rikala 15 Agustus 1979 ing salah sawijining sudut goa.
 Arca Kencana menika awujud patung sepasang kakung kaliyan estri ingkang saweg gandengan tangan. Saking ahli arkeolog rumaos menika patung Dewa Siwa kaliyan Dewi Parwati, Arca menika salah satunggal peninggalan ing zaman Hindu Siwa. Samenika arca kasebut sinempen ing Museum Nasional, dados gantosipun  Pemerintah bangun replika arca ing ngajeng mulut goa, replika menika ukuranipun luwih ageng saking aslinipun.
 

Wonten saperangan ingkang mangertosi babagan sejarah maringi pamanggih bilih ing sekitar Goa Seplawan kala jaman samana nate kangge pasinggahan kaliyan Ratu utawi Raja, babagan menika saking dipuntemokaken Lingga Yoni ingkang nglambangake Kesuburan saha Kemakmuran. Kajaba nggadhai keistimewaan kangge situs pra sejarah, Pesona Alam ing sekitar Goa Seplawan inggih endah saha sejuk, wonten malih keistimewaan sanesipun inggih menika keindahan goa Seplawan menika piyambak.
Goa menika nggadhai ornamen-ornamen ingkang endah sanget kadosta wontenipun stalaktit saha stalakmit kanthi ukuran maneka warna. Salah satunggaling ingkang narik kawigaten wonten salebeting goa wonten sumber air ingkang asli dam ing nginggil telaganipun wonten seratan kina ingkang muni Saplo wan ingkang gadhai teges saplu : suci . wan : manungsa ingkang saged dipun tegesi manungsa suci utawa papan kanggo nyucikake manungsa. Wonten cariyos mistik ingkang ngrembaka ing Goa Seplawan, sinten kemawon ingkang basuh pasuryan ngangge banyu ing jero goa seplawan saha nggadhai niat ingkang prasaja kanthi donga iklas marang Gusti Allah, Insya allah saged kejawab sedaya pepinginan.

2 komentar:

  1. Goa Seplawan kinten-kinten pinten jam saking Jogja mbak ?

    BalasHapus
  2. inggih, pinten jam? kadosipun menantang sanget?

    BalasHapus