Minggu, 22 Desember 2013

Artikel

Kembang Setaman Sejarah Kulon Progo

Wonten Dalem dinas Bupati, Kulon Progo dipunwontenaken salah satunggaling wujud kabudayan Macapatan. Macapatan menika rutin dipunwontenakan saben rebo pahing malem kemis Pon. Ancasipun macapatan menika kangge ngrembag sejarahipun Kabupaten Kulon Progo.

Macapatan sakmenika sampun kalampahan kaping 66. Acara sakmenika kalampahan ingkang dipunsengkuyung Balai Bahasa DIY,
Dinas Kebudayaan DIY lan Dinas Kebudayaan Pariwisata Pemuda kaliyan Olahraga. Macapatan katindakaken kanthi rantaman kagiyatan kados mekaten: sepisan dinten Rebo dipun wiwiti tabuh 8.30 ndalu, Panembarama Sekar Mijil Wedharingtyas Lrs. Pelog pada 1, lajeng sambutan saking panitia, salajengipun sambutan Wakil Kepala Balai Bahasa, nalika sambutan ngandharaken “menangani ketahanan nasional tentang kebahasaan.”

Dipunlajengaken para hadirin nembangake sekar Macapat kaanggit dening Ki Bodronoyo, ingkang wosipun sejarah Kulon Progo. Ingkang rawuh wonten ing adicara macapatan sakmenika inggih menika, Paguyuban Sekar macapat Wali 9, Paguyuban Sekar Macapat Anggara Kasih Nanggulan, Pawiyatan Sarjana Wiyata Tamsis, Kantor Kebudayaan Bahasa dan sastra, saking daerah Sewon, Bantul, daerah Moyudan, Sleman, daerah Sendang arum, Minggir Sleman lan saking UNY.

Lajeng sambutan saking Pak Bupati Kulon Progo dr. Hasto Wardoyo, Sp.Og(k), nalika sambutan ngandharaken “Trenyuh bilih  lare-lare alit taksih sami remen macapat, kethoprak, lsp (lare-lare SD, SMP, SMA). Mugi-mugi langkung dipunsengkuyung pemerintah DIY anggenipun nguri-uri, saengga saged langkung ngrembaka.” Salajengipun sambutan Ki Bodronoyo pangripta kembang Setaman Sejarah Kabupaten Kulon Progo, nalika sambutan ngandharaken “ngrembag isining tembung, yaiku sejarah Kulon Progo.” Tembang Macapat Kembang Setaman Sejarah Kabupaten Kulon Progo inggih menika: Dhandhanggula, Sinom, Pangkur, Kinanthi, Asmorondono, Gambuh lan Megatruh. Lajeng ingkang pungkasan panembrama Sekar Mijil Wedharingtyas Lrs. Pelog pada 2.

Macapatan menika kathah sanget manpangatipun, mliginipun kangge masyarakat Kulon Progo. Kanthi kagiyatan Macapatan menika masyarakat kedah njagi lan ngrawat Kulon Progo ingkang kathah papan pariwisata, pegunungan lan pesisir. Sasanesipun, kanthi kagiyatan menika masyarakat saged nguri-uri kabudayan Jawi ingkang adiluhung, saged dados manungsa ingkang ngregani kabudayanipun piyambak kanthi raos suka saengga macapatan murih ngrembaka.

1 komentar:

  1. sae sanget menawi kita minangka generasi mudha tansah nguri-uri kabudayan kita.

    BalasHapus